Wednesday, May 25, 2011

Cerkak " 13 Maret "


Kukuruyuuuuk... suara pitik jago ing ngguri omah, nangekake Diah kang isih turu ing kamar. Kabukak mata kang amba ing raine Diah lan ketok ayu mbok menawa lagi tangi saka turune lan durung mambu banyu iku.

Diah banjur tangi lan adus, amargo deweke kudu sekolah isuk iku. Diah yaiku murid kelas 2 SMP ing deso Mangunkarso. Dheweke nduweni akeh prestasi kang nyenengake wong tuwane. Nanging, kahuripane mesoso awiwit dheweke di tingal bapake lunga. Iku anggowo kasangsaraan kang nyikso Diah lan si mboke.

Sauwise Diah adus, dheweke salin lan mara ing pawon. Dheweke marani Si mbok kang isih masak lemper.

“Mbok, panjenengan mboten usah merdamel malih. Kersane kula mawon kang merdamel kangge mboke. Panjenengan sampun sepuh.”
“Ojo nduk, kowe kuwih becik sinau ing sekolahan. Si mbok isih kuwat kok”

Diah anyoba ngganteni simbkok kang dadi bakul lemper. Nanging, si mbok amung pingin anake dadi wong pinter kang ora susah kaya dheweke. Diah ora bisa ngomong apa – apa maneh. Dheweke banjur pamit marang Si mboke.

Ing dalan, Diah tetep kapikiran marang Si mboke kang uwis tuwa lan kudu manguripi kaluargane. Diah langsung wae netesake eluh ing matane. Diah nangis amargo dheweke ora biso mergawe apa – apa kanggo si mboke. Lan iling bapake kang tego ninggal kaluwarga kang karonta – ronta iku.

“Diah, a.. a.. anu... Si mbokmu.’
“Kenopo Man Si mbokku?”
“Si mbokmu. Di tabrak montor”
“Apa..?”

Diah oara bisa mandhekake eluh kang netes ing pipine, dheweke banjur mlayu balik lan ndeleng Si mboke kang di tabrak Motor iku.

Diah mlayu karo kesandung – sandung nganti klambine suwek bek getih, amargo kena krikil kang lincip kaya glathi. Sak tekane Diah ing ngarep omah. Dheweke tambah bingung ngenani wong kang sepi lan lawang omahe durung kabukak. Dheweke langsung ndobrak lawang omahe lan meneng sedhelo.

Sorot ing mripate Diah nggambarake bocah kang lagi sedih lan karenyuh. Dheweke ora bisa nahan eluhe maneh nganti semaput wayah dheweke angerteni Si mboke wis di tutupi jarik.

***
Matane Diah kabukak, lan nambahi bingung dheweke, amaego ora ono uwong siji – sijio kang ungguni dheweke. Ora suwe Diah ndelengi kamar PUSKESMAS ing desone iku. Dheweke krungu suara rame kang nyanyekake “Selamat ulang tahun... selamat ulang tahun...” Dheweke lagi eling yen dina iku tanggal 13 Maret, yaiku ulang tahune. Nanging, Diah tambah sedih amargo Si mboke meninggal ing Dino kalahirane.

Suara kuwi mau tambah suwe tambah rame. Lan dumadhakan lawang kamare kabukak, lan banjur mlebu sadulurane Diah. Diah tambah di kagetake karo tekone Si mbok kang isih seger kuwarasan nggawakake lemper jumbo kang di encepake lilin angka 15 ing ndhuwure. Si mbok banjur ngomong “Sepurane Si mbok nggawe kowe nangis kaya ngene. Selamet ulang tahun.” Tangis kang ganti tangis kasenengan, metu saka matane Si mbok lan Diah. “ Matursuwun Mbok” Jare Diah.

TAMAT
Cerita Basa Jawa ( Bojonegoroan )
Saking : Taufik Hardiansyah

No comments:

Post a Comment